17 Agustus 2010

Bes...sepurane sing akeh...

Dexter: The Fourth Season
...bpk,
Sepiro gedhene dosa lan kesalahanku marang sliramu, ...sepiro kurange perhatianku lan, ....sepiro jarange aku donga kagem bpk lan ibu (alm)... Aku nyuwun pangapuro yo pak...



...bpk,
Ternyata nduwe putro kuwi ora gampang yo pak.., kudu sabar nanging tetep sayang..., kudu mulang nanging tetep ora mekso..., mulane aku dadi kelingan mbiyen cilikanku pak... Mimpin keluarga kuwi abot sanggane yo pak..., kudu iso mbagi perhatian marang bojo, anak lan gawean... kudu tetep ikhtiar amrih kebagiaan wujud senadyan kahanan kekurangan...

...bpk,
Akeh banget piwulang becik kang tak rungu... Akeh tulodho luhur kang tak sawang... Akeh ugo pepeling urip kang tak sinau.., soko mbiyen nganti saiki.... anggonmu ngrawat katresnan marang keluarga.., anggonmu srawung lan tetanggan..., anggonmu trengginas makaryo..., lan anggonmu ngempet hawa nepsu nggayuh kaluhuran diri pribadi..., sepisan maneh nganti saiki bpk... Mungkin sliramu ora bapak kang paling apik neng ndonya iki..., nanging sinambi ngucap syukur marang Gusti Allah, aku bejo kaparingan bapak ing sajroning uripku...

...bpk,
Mesti wes akeh pangurbanan bpk lan ibu kagem aku..., mestine wes akeh polahku sing nglarani atimu ..., lan wes akeh ukuroku sing ora patut dirungu..., ning anehe sliramu kok iso tetep sabar..., ora ono doyo kekuatan sing iso maringi kekuatan sabar ngemong lan mulang aku...kejobo kekuatan soko Allah SWT lumantar tresnamu marang aku pak....tresnamu ngalahno tresna marang diri pribadimu..., lilo rogo keloro-loro supoyo putramu lego..., lilo batin keronto-ronto supoyo putramu bungah ing manah...

...bpk,
mugi Gusti Allah kang kuwoso tansah maringi hidayah soho kekuatan iman ing wektu tuwamu iki..., mugi Gusti Allah tansah maringi sih katresnan lumantar katresnane putro-putrimu..., mugi Gusti Allah tansah maringi kabahagiaan lumantar esem lan guyune putu-putumu..., amin..amin ya rabbal alamin..

...bpk,
Sugeng sare yo pak...mimpi sing endah...:)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar